Langsung ke konten utama

artikel dalam bahasa jawa

ARTIKEL DALAM BAHASA JAWA
  1. Pangertene Artikel
Saka Wikipedia, kang kasebut artikel yaiku karangan faktual lengkap kanthi dawa tartamtu kang didamel kagem publikasi (lewat koran, majalah, lan liya-liyane) kanthi tujuan menehi gagasan lan fakta inkang mendhidhik lan nyenengake.
Ing Kamus Besar Bahasa Indonesia (1988:49), artikel yaiku karya tulis lengkap ing majalah, Koran, lan liya-liyane.
Yen menurut Ensiklopedia Pers Indonesia (1991:49), artikel yaiku karangan prosa ing media massa kang mbahas pokok masalah kanthi lugas.
  1.  Jinis-jinise Artikel
Jenise artikel iku keperang dadi 5, yaiku :
·      Eksploratif yaiku , jenise artikel ingkang nyajekne fakta-fakta saking penelitian. Artikel iki kengeng kanggo njelasne penemuan-penemuan anyar kayata benda antik zaman pura.
·       Eksplanatif  yaiku, jenise artikel sing  digunaake njelasne sesuatu sing supaya saged dingerteni pem.baca
·      Deskriptif yaiku, jenise artikel ingkang nggambarake masalah ingkang wonten ing tengah-tengah masyarakat. Artikel jenis iki mirip kalian laporan utawa reportase, bedane wonten ing menawi laporang asli fakta, ingkang artikel niki saged ditambahi opini-opini.
·       Prediktif yaiku jenise artikel ingkang ngramalake utawa nggambarake op wae ingkang badhe kelakonan ing masa ngajeng.
·      Preskriptif yaiku jenise artikel sing menehi tuntutan marang pembaca, supados saged njalanake sesuatu amrih ora keliru utawa salah.
3.       Struktur Artikel
Strukture artikel, yaiku:
       Judul
Nggambarake ide pokok saka sakabehane isine artikel sing katulis.
       Alinea pambuka
       Alinea penjelas / surasane artikel / isine artikel.
Menehi fakta penjelas kanggo njlentrehne utawa njelasne isine artikel.
       Alinea panutup
Menehi dudutan (kesimpulan) saka argumentasi utawa fakta sing katulis ing alinea sakdurunge, uga bisa medharake solusi saka masalah sing katulis ana ing alinea sakdurunge.
  1. Tuladha 
LUNTURIPUN BUDI PEKERTI GENERASI MUDHA


       Salah satunggaling solah budi pekerti ingkang luhur inggih punika kita kedah nggadahi andhap asor dumateng tiyang ingkang langkung sepuh. Umpaminipun unggah ungguh murid kaliyan Bapak saha Ibu guru. Ugi unggah ungguh dumateng tiyang sepuh kekalih, tetanggi, lan sedaya tiyang sanes. Mboten kesupen kaliyan para mitrasaha rencang.
Sakpunika sampun kathah piyantun nem ingkang  sami mboten nerapaken sopan santun, tata karma ugi unggah-ungguh. Menapa samenika sampun
sami remen  ninggalaken dumateng kabudayan? Menapa jalaran samenika sampun luntur kabudayan sawau? Mliginipun kabudayan Jawa, senajan awit sekedhik mbaka sekedhik.
Kanthi lumampahipun wakdal lan jaman, mesthi wonten ewah gingsiripun kahanan, jalaran tuwuh kawontenan enggal utawi majunipun  teknologi ingkang nuwuhaken ewah-ewahan. Punapa menika ewah-ewahan sikap, punapa tindak tanduk. Kawontenan punika nyebabaken ewah-ewahan ugi, utamanipun Basa Jawi. Samenika kathah tiyang  Jawi ingkang mboten purun ngagem basa Jawi maleh  sanajan asalipun saking Surakarta utawi Ngayojakarta. Kawontenan punika nyebabaken basa Jawi ewah gingsir, saget-saget ical kados basa Jawi kuna ingkang jaman samenika sampun mboten sami mangertos.
Wanci punika, Sampun kathah sanget tuladha ingkang mirisaken wonten manah kita sekalian. Kathah piyantun  ingkang ngaku Jawi anamung tumindakipun tebih sanget saking punapa ingkang dados cirikhasipun piyantun Jawi. Unggah-ungguh, andhap asor, hormat dumateng piyantun ingkang langkung sepuh, tansah sayang dumateng piyantun ingkang langkung nem, gotong royong, tulung tinulung, lan sanesipun, sampun saget dipunsebat “ical” saking bumi Jawa  ingkang kita sedaya tansah bangga’aken. Piyantun nem sapunika, sampun saget dipunetang ingkang teksih matur mawi basa ingkang sae. Ingkang kathah piyantun nem sampun boten saget matur mawi basa krama. Sinten ingkang salah? Kita boten saget nyalahaken sinten-sinten. Punawi kita purun nggatekaken punapa ingkang kedadosan wonten masyarakat, sapunika basa ingkang dipun ajaraken milai saking playgroup dumugi SD inggih punika bahasa Indonesia. Kathah sanget lare alit ingkang boten saget matur mawi basa krama inggil. Lintunipun ingkang sapunika kedadosan, kathah basa kuwalik. Tuladhanipun kados punika, “dalem badhe dhahar, kulo kundur dhisek,” lan sanes sanesipun.

Icalipun utawi lunturipun utawi gripisipun sopan-santun, tata karma ugi unggah-ungguh saget  ugi kasebabaken saking daya pengaruhipun kabudayan sanes. Sampun milai kathah piyantun nem ingkang sami kapilut dening  kabudayanipun bangsa sanes. Ugi sampun milai mentala ninggalaken glanggang sumeleh glethak dumateng
kabudayanipun piyambak. Mliginipun kabudayan sanes ingkang kirang trep dumateng sipat-sipatipun piyambak, bangsanipun piyambak kedah kita bucal boten kita tuladhani.


Saking tulisan ing inggil saged kita simpulaken bilih sapunika budi pekerti ingkang dados cirikhas piyantun Jawi sampun mulai dipun tinggalaken dening generasi mudha. Awit saking punika kagem benahaken kawontenan ingkang sampun mekaten dipun betahaken kasadaran saking kita sedaya, utaminipun generasi mudha kedah purun sinau tata karma, ungah- ungguh dumateng para guru ing sekolah

Komentar