SUMINTEN EDAN
Ing jaman mbiyen, Kanjeng Bupati
Trenggalek Raden Noto Kusumo kagungan putra asmaneRaden Mas Subrata. priantun
bagus, pinter, tur kagungan sipat andhap asor.
Wilayah Trenggalek dumunung ing sisih
kulon, katentreman rakyat diganggu marang para begal sing biasa muncul ana ing
alas Ponorogo, akeh rakyat sing wadul njaluk tetulung marang Adipati Suramenggala.
BABAK 1
Perusuh : Senajan wukir rata ing bantala, senajan baskara
sirna ing ndonya, ora bakal ana sing bisa nandingi. (karo ngguyu)
Suramenggala : He Perusuh! Sakdurunge malaikat izrail nemoni aku, aku isih
bisa ngalahne sepiro-piro kakuwatanmu.
Perusuh :
Sapa kowe?
Suramenggala : Aku Warok Suramenggala, saka Kadipaten Trenggalek. Wong kang
bakal ngalahne awakmu.
Perusuh :
Apa?? Wani-wanine kowe ngancem aku. Ayo dibuktekne sopo wong seng luweh sekti.
(Perusuh lan Suramenggala banjur perang,
ngadu kesektiane.Suwi anggone perang, akhire Suramenggala iso ngalahne Perusuh)
Suramenggala : He Perusuh! Saiki kowe ngerti sapa wong sing luwih
kuwat. Kowe ora bakal tak pateni, nanging kowe kudu ngalih saka Kadipaten
Trenggalek iki. Lek kowe ra pengen mati, ojo wani-wanio mbalik rene lan gawe
rusuh ning Kadipaten iki.
Amarga
Suramenggala wis bisa ngalahne Perusuh, Prabu Nata Kusuma menehi titah marang
patihe supaya nggawa Suramenggala ngadhep Prabu Nata Kusuma.
BABAK 2
Suramenggala : Hormat kula, Prabu
Nata Kusuma. Wonten punapa Raden ngutus kulawonten mriki?
Prabu Nata Kusuma : Apa kowe sing jenenge Suramenggala?
Suramenggala : Inggih Raden.
Prabu Nata Kusuma : Amarga Kowe bisa ngalahne Perusuh, saiki kowe takangkat Patih
ing Kadipaten iki.
Suramenggala : Hormat kula, Raden. Nuwun pangapunten sakderengipun,
pripun menawi panjenengan paring putra panjenenganSubrata saged nyuwitani putri
kula Suminten?
Prabu Nata Kusuma : Menawa kui panjalukanmu, bakal tak kabulne kepinginanmu sing
penting Kadipaten iki wis aman lan tentrem saka karusuhan.
Suramenggala : Matur Suwun Raden.
BABAK 3
Suminten
seneng ra ketulungan sakwise ngerti crita saka bapake, yen deweke bakal dirabi
putra Prabu Nata Kusuma, Subrata sing jarene bagus rupane lan apik budine.
Suminten wis ora sabar arep ketemu Subrata.
Sakwise
nunggu pirang-pirang dino, Subrata nyambangi Suminten ana ing omahe Suminten. Subrata
lan Suminten guyonan.
Subrata :
Ni, kepriye kabare?
Suminten :
Alhamdulillah, apik-apik wae kang mas. Sampean pripun?
Subrata :
Sek koyo mbiyen.
Suminten :
Koyo mbiyen? Koyo mbiyen pripun kang mas? kula taksih ngertos sampean sakniki.
Subrata :
Kowe ki ra ngerti aku? Aku Subrata wong kene omahe kono, putra Prabu Nata
Kusuma nata bata lima ambruk sedaya.
Suminten :
ooo... mekaten?
(krikk.. krikk.. krik.. krik..)
Suramenggala mlebu banjur ngakon Suminten
nggawe unjukan kanggo Subrata.
Suramenggala : Piye to nduk, kok ora digawekne unjukan tamune.
Suminten :
Inggih, ngapunten pak, kang mas.... (sempat metu gek mbalik neh) Oh inggih, unjukane napa nggeh?
Suramenggala : Kopi wae. Sampean napa mas?
Subrata :
Peresan banyu godong ijo saka Kasultanan cirebon kang digodog karo banyu anget.
Suminten :
Napa niku kang mas?
Subrata :
Teh Anget.
Suminten :
Oh, Inggih. Kula damelaken rumiyen. (ngalih)
Suramenggala : Ngapunten menawi panjenengan mboten kita sambut kanthi
apik. Nggih namung ngeten niki keluargane wong ndeso, mung pas-pasan.
Subrata :
Ora ngapa Warok Suramenggala.
Suramenggala
lan Subrata nerusake anggone omongan ngenani kepriye ta Kadipaten Trenggalek,
lan uga ngomongne putrine, Suminten.
BABAK 4
Suminten
lan Subrata tansayaakrab, malah Suminten ngroso kasmaran marang Subrata.
Mangerteni apa kang kedaden marang putrine, Suramenggala ngrasa yen putrine
mokal anggone bisa dadi garwane Subrata. Wes bola bali bapake Suminten, Warok
Suramenggala ndhawuhi Suminten yen apa kang dadi kekarepane Suminten mokal
kelakon. Nyadhari kahanan kulawarga sing beda. Suminten sing saka wong biasa
bakal angel nyanding karo Subratasing anake Raden Kadipaten Trenggalek. Nanging
piye maneh, perasaan ora kena diapusi lan dipekso. Suminten tetep mendem rasa
demene marang Subrata.
Suramenggala : Nduk, cah ayu. Kepriye sejatine isi atimu?. Apa isih ana
kirane secuil rasa tresna kang manggon ing atimu ?
Suminten :
Duh, rama sejatosipun kula tresna kalian Mas Brata. Dospundi rama ?
Suramenggala : Ngger, mangertio yen kulawargane awake dhewe bedho adoh
karo
kaluwargane Raden Mas Subrata.
Suminten :
Duh rama, kula sampun remen sanget kalian Mas Brata. Kula mboten Saget ngicali
raos tresna kula marang Mas Brata. (Suminten ora kuwawa Anggone ngempet
tangise).
Ibune Suminten : Sabar nduk, kuatna atimu yen pancen Raden Mas Brata kui jodhomu bakal dadi
bojomu.
Suminten :
Inggeh Biyung. Kula nggadhahi pangajap ingkang ageng mugi-mugi mas Broto saged dados jodho kula.
Ibune Suminten : dadio kasunyatan apa kang dadi kekarepanmu, nduk.
(backsound : kelangan )
BABAK 5
Sawentara
wektu sakwise kedadean iku, kulawarga Raden Subroto nduweni rencana bakal
nglamar Suminten. Semono uga, kulawargane Suminten wis nyiapake lamaran kanthi
sae.Ananging, sawijining prastawa kang ora dikarepake kedaden.
Patih :
(Tok, tok, tok.) Kulanuwun.
Ibune Suminten : Mangga (karo mbukak lawang). Sinten nggih?
Patih :
Nuwun sewu, kula minangka patih Kadipaten Trenggalek angsal kapitadosan saking
Raden Mas Subrata supados ngaturaken layang menika kagem Warok Suramenggala.
Suminten :
Sinten biyung? Punapa Raden Mas Subrata ingkang rawuh?
Ibune Suminten : Dudu nduk, iki patih saka Kadipaten Trenggalek ngaturake
layang saka Raden Subrata.
(Ujug-ujug Warok Suramenggala nyaut layang
kang dicekel garwane, lan banjur diwaca)
Suramenggala : APA??! Wani-wanine Subrata mlenjani janjine.
Suminten :
Punapa Rama? Napa ingkang dipunaturaken Raden Mas Subrata wonten layang menika?
(Banjur Warok Suramenggala maosake layang
kasebut, laaaaaaan...................)
Suminten :
NAPA ?????! mboten mungkin rama, mboten, mboteeeeeeeeeeeeeeen !
(Suminten ora
sadar/semaput).
Suramenggala : Suminten !!! Suminten !!!
Ibune Suminten : Nduuuk !!! aja ngono, sadaro nduk. (Ibune Suminten nangis)
Sabanjure iku, sawetara wektu Suminten durung sadar. Suwasana kang kebak
karaharjan, saklebatan dadi kebak kawirangan.
Sawise 3 jam anggone ora sadar, Suminten sadar lan ujug-ujug ilang akal
sehate.
Suminten : Mas
Brotooooo, Mas Broto kan ??? Iya Mas Broto iku.... Rama, rama
ana
Mas Broto.
Suramenggala : Nduuuk, iku
dudu Broto, nduk sadaro aja nambahi wirange ramamu.
Ibune Suminten : Nduk, sadar nduk. Iku rama mu, dudu Subrata. Iki biyung nduk. (khawatir)
Suminten :
(ngguya-ngguyu, banjur nangis)
BABAK 6
Sawetara iku,
ing panggonan liya Suminten ketemu kanca-kancane, ijah, sari, lan wati.
(kanca-kancane padha
ngrumpi)
Suminten :
Opo suminten suminten?
Sari : BTW, hei min
piye kabare? Ajake keri-keri iki kok ndak tau ngetok? Ning ndi wae kowe?
Suminten : Aku? (ngguya-ngguyu)
Dadi, awakmu ndak ngerti lak aku bakal rabi karo mas Broto?
Wati : Wis ngene-ngene,
ayo mulih ae min selak digoleki biyungmu bedhug-bedhug ngene iki pangggah
ngethek ae.
Suminten :
Mulih? Mulih ning ndi? (ngguya-ngguyu)
Ijah : Ramamu yo nggoleki mau. Ayo mulih.
Suminten :
Ogah aku.
(ujug-ujug suminten eruh kaya Subrata)
Mas Broto.. Doh Gusti,
mas broto. (banjur marani salah siji pamirsa, lan paraga Mas Broto lungguh ning
sandinge pamirsa iku mau)
(kanca-kancane
padha omong-omongan)
Ijah : Min, nyapo kowe mrono, iku dudu Raden Subrata.
Wati :
Aduh, min ojo nggawe masalah neh to min.
Sari : BTW, wati, ijah
tandangono Suminten. Aku tak ngaturi Warok Suramenggala. (banjur marani Warok
Suramenggala)
Ijah : Min, ayo mulih wae. Ojo ngisin ngisini. Wis yo.
Suminten :
Ogah, aku pengen karo Mas Broto ning kene.
Ijah : Wati, tandangi wat.
Wati : Duh Gusti min, iki
dudu Mas Broto. Deloken to, ndak ana mirip-miripe karo Raden Subrata.
Suminten : Iki ki Mas Broto.
Diomongi panggah ngeyel wae
Ijah : He, min. Tak
dudoi, iki ki ndak enek miripe karo Raden Subrata. Deloken iku. Raden Subraata
ki kaya ngono kuwi (karo nunjuk paraga Subrata sing lungguh ning sandhinge
pamirsa mau)
Suminten : (karo mikir) Oh iyo.
Awakmu dudu Subrata.
(Akhire
Warok Suramenggala marani Suminten, banjur digawa mulih)
Warok
Suramenggala : Min, min. Rene, ayo mulih,
digoleki biyungmu kae lo.
BABAK
6
Ing papan liya, cempluk lan biyunge lagi budhal menyang
pasar saperlu blanja kaperluan sabendino. Ananging, ana perusuh sing ngganggu.
Perusuh : He mbok, wenehno
barang-barangmu iku!
Ibuke Cempluk : Ogah, wani pira?
Perusuh : Weh, wani-wani ne kowe
ngomong ngono? (nggetak Ibuke cempluk)
(Ibuke cempluk banjur
nguncalne keranjang blanja, lan perusuh langsung nyekel Cempluk)
Perusuh : Saumpama kowe ora
menehne barang-barangmu, anakmu sing dadi jaminane.
Cempluk : Biyung, kula mboten
purun biyung.
Ibuke
Cempluk : Ojo ojo!
(perusuh
lan ibuke Cempluk rebutan cempluk)
Ujug-ujug
Raden Subrata teka.
Raden
Subrata : He perusuh! Wani-wanine
kowe kasar karo wong wedok. Yen wani kene, lawan aku!
Perusuh : Hahaha... Sopo kowe?
Ora usah melu-melu urusanku bocah cilik!
Raden Subrata : Opo jaremu?!
(Wong
loro banjur tukaran, lan akhire Raden Subrata bisa ngalahne perusuh kuwi mau)
Raden Subrata : Pripun mbok? Panjenengan mboten punapa-punapa?
Ibuke cempluk : Ora le, matur suwun wis nulung aku lan anakku.
Raden Subrata : Inggih mbok, sami-sami.
Kepriye sampeyan ? Ora apa-apa ta?
Kepriye sampeyan ? Ora apa-apa ta?
Cempluk :
Mboten Raden.
Ibuke cempluk : Lho? Raden?
Cempluk :
Inggih biyung. Menika Raden Subrata, putranipun Prabu Nata Kusuma.
Raden Subrata : Inggih mbok.
Cempluk : Sembahsuwun Raden, menawi
mboten wonten panjenengan kula kalih biyung mboten mangertos pripun nasibe.
Raden
Subrata : Ora apa-apa. Menawa aku
oleh weruh asmane sampeyan, asmane
sampeyan sapa?
Cempluk : Kula cempluk Raden.
Raden
Subrata : Wiwit saiki, simbok
lan Cempluk kudu ngati-ati. Menawa sawayah-wayah butuh pitulunganku, aku siap.
Cempluk : Sepindhah maleh kula
ngaturaken agunging panuwun dhumateng
panjenengan Raden.
Ibune
Cempluk : Semono uga aku le.
Mbokmenawa kersa, dakaturi pinarak ana omahku, dakkenalake marang Ramane
Cempluk, kepriye ?
Raden
Subrata : Saumpama ramanipun
duka pripun ?
Ibune
Cempluk : Ora. Ora bakalan duka
menawa weruh priya bagus lan nduweni budi pakerti kang luhur kaya Raden.
Raden
Subrata : Menawi ngaten, kula
purun. Mangga !
(
Cempluk, simboke, lan Raden Subrata banjur tumuju menyang omahe Cempluk.)
Cempluk,
Simboke, lan Raden Subrata wis teka.
Ibune
Cempluk : Kula nuwun.
Warok
Siman : (mbukak lawang
sinambi nyawang sapa sing teka)... oooo, saka ngendi mbokne? Lho, sapa priya
bagus iki ?
Ibune
Cempluk : Iki asmane Raden Subrata. Piyambake wis
menehi pitulungan marang aku lan Cempluk. Yen ora ana Raden Subrata, ora weruh
kepriye nasibku lan Cempluk.
Warok
Siman : Saka ngendi asalmu
wong bagus ?
Raden
Subrata : Kula saking kadipaten
Trenggalek, rama kula asmanipun Prabu Natakusuma.
Warok
Siman : Berarti sampeyan
Putrane Bupati Trenggalek ?
Raden
Subrata : inggih rama.
Warok
Siman : ya wis, daktinggal
ana mburi dhisik. Ayo mbokne !
Subrata lan Cempluk
omong-omongan. Ora disadhari saya suwe anggone omong-omongan, akhire Cempluk
keturon ana pundhake Subrata, semono uga Subrata keturon. Banjur ramane
Suminten weruh yen Subrata angggone cidro amarga wanita kuwi.
Warok
Suramenggala : oooooo,,, tibake anane
Brata cidro amaga wanita iki. .... ( nyawang kahanan sakiwa tengene sepi, banjur Warok
Suramenggala nyikep lan nggendong Cempluk menyang alas)
Banjur
Subrata tangi saka turune. Dheweke bingung, ana ngendi Cempluk saiki.
Raden
Subrata : Cempluk-cempluk.....
(kaget mangerteni Cempluk ora ana ing sandhinge)
Raden
Subrata banjur nggoleki Cempluk, pas teka ana ing sawijining alas dheweke weruh
Warok Suramenggala arep mateni Cempluk. Tanpa mikir dawa, Raden Subrata enggal
nulungi Cempluk.
Raden
Subrata : Apa sing
arep kok lakokne marang Cempluk?
Warok
Suramenggala : dudu urusanmu, bocah
wadon iki sing wis nyebabake anakku edan.
Aku ora
trima (arep mateni Cempluk).
Raden
Subrata banjur nulungi Cempluk lan nglawan Warok Suramenggala. Ora disadhari
Sari liwat ana sangarepe wong mau, lan ngmong marang Suminten yen ana Subtrata.
Suminten teka.
Sari : loh ana apa iki
kok rame-rame? Lah iku bukane Raden Subroto lan Ramane Suminten. Aku kudu
ngandhani Suminten iki...
Sawise
Sari ngadhani Suminten, Suminten lan Sari nyusul ing alas mau.
Suminten : Mas Brata ........
Sari : Kowe arep
menyang ngendi min?
Suminten : Aku arep marani mas
Brataku...
Ing
omahe Cempluk, Ramane Cempluk, Warok Siman bingung anggone nggoleki anake sing
mau lungguh ing njobo omah karo Subrata. Banjur Warok Siman tumuju menyang alas
kanggo nggoleki anake, Cempluk. Nalika wis teka ing alas, Warok Siman weruh yen
Cempluk ana ing kono. Banjur marani anake lan.....
Warok
Siman : ana apa iki? Apa kang
wis kedaden ana ing kene?
Warok
Suramenggala : He.. Warok Siman, iki
anakmu to?
Warok
Siman : iyo, nyapo anakku
bisa ana ing kene?
Warok
Suramenggala : anakmu iki sing nyebabake
anakku edan. saiki anakmu kudu tanggung jawab.
Warok
Siman : Anakku salah apa?
Warok
Suramenggala : Wani-wanine ngrebut
Subrata. Yen kowe weruh, Suminten anggone tresna marang Subrata dibelani edan,
apa mentala yen kudu weruh anakmu edan ?
Lagi
gayeng-gayenge anggone crita ngenani Suminten, mara-mara......
Suminten : Iki pokoke Mas
Brataku.....
Cempluk : Mas Brataku !
Suminten : hahahaa ..... Ora bisa ! iki Mas Brataku.....
Welas
anggone weruh kahanane Suminten kaya mengkono, Warok Siman kang nduweni
kekuwatan bisa nambani wong edan, tanpa mikir dawa sanalika Suminten dijapani
langsung waras saka edane.
Suminten
: Rama, kula wonte pundi
?
Warok
Suramenggala : Nduuuk, kowe ana ing
alas....
Suminten : lhooo, Mas Brata.....
Raden
Subrata : Iya
Suminten, iki aku...
Warok
Siman : saiki kepriye
tanggung jawabmu marang bocah wadon loro iki ?
Raden
Subrata : kula
sampun tresna kaliyan Cempluk.
Suminten : kula nggih tresna kaliyan
panjenengan Mas Brata....
Cempluk
: kula inggih tresna
sanget kaliyan panjenengan.
Raden
Subrata : iya
Cempluk semono uga aku Cempluk....
Warok
Suramenggala : ora bisa... kowe kudu adil.... !
Raden Subrata : yen mengono, dakrabine Suminten lan
Cempluk. Suminten minangka bojo kaping
pisan lan Cempluk bojo kaping pindho.
Akhire
wong katelu iku urip bebarengan kanthi guyub rukun.
(Bojo
Loro).
Salam sejahtera, saya Beni Kusuma Mahasiswa Prodi Pendidikan Bahasa dan Sastra Indonesia (PBSI) STKIP PGRI Trenggalek. Saya minta informasinya, jika ingin menggunakan naskah ini untuk dipentaskan sebagai pemenuhan tugas matakuliah teater kepada siapa, ya?
BalasHapus