ARTIKEL DALAM BAHASA JAWA
- Pangertene Artikel
Saka Wikipedia, kang
kasebut artikel yaiku karangan faktual lengkap kanthi dawa tartamtu kang
didamel kagem publikasi (lewat koran, majalah, lan liya-liyane) kanthi tujuan
menehi gagasan lan fakta inkang mendhidhik lan nyenengake.
Ing Kamus Besar Bahasa
Indonesia (1988:49), artikel yaiku karya tulis lengkap ing majalah, Koran, lan
liya-liyane.
Yen menurut Ensiklopedia
Pers Indonesia (1991:49), artikel yaiku karangan prosa ing media massa kang
mbahas pokok masalah kanthi lugas.
- Jinis-jinise Artikel
Jenise artikel iku keperang dadi 5,
yaiku :
· Eksploratif yaiku ,
jenise artikel ingkang nyajekne fakta-fakta saking penelitian. Artikel iki
kengeng kanggo njelasne penemuan-penemuan anyar kayata benda antik zaman pura.
· Eksplanatif
yaiku, jenise artikel sing
digunaake njelasne sesuatu sing supaya saged dingerteni pem.baca
· Deskriptif yaiku,
jenise artikel ingkang nggambarake masalah ingkang wonten ing tengah-tengah
masyarakat. Artikel jenis iki mirip kalian laporan utawa reportase, bedane
wonten ing menawi laporang asli fakta, ingkang artikel niki saged ditambahi
opini-opini.
· Prediktif yaiku jenise artikel ingkang
ngramalake utawa nggambarake op wae ingkang badhe kelakonan ing masa ngajeng.
· Preskriptif yaiku jenise
artikel sing menehi tuntutan marang pembaca, supados saged njalanake sesuatu
amrih ora keliru utawa salah.
3. Struktur Artikel
Strukture
artikel, yaiku:
•
Judul
Nggambarake
ide pokok saka sakabehane isine artikel sing katulis.
•
Alinea pambuka
•
Alinea penjelas / surasane artikel / isine artikel.
Menehi
fakta penjelas kanggo njlentrehne utawa njelasne isine artikel.
•
Alinea panutup
Menehi dudutan
(kesimpulan) saka argumentasi utawa fakta sing katulis ing alinea sakdurunge,
uga bisa medharake solusi saka masalah sing katulis ana ing alinea sakdurunge.
- Tuladha
LUNTURIPUN BUDI PEKERTI
GENERASI MUDHA
sami remen ninggalaken dumateng kabudayan? Menapa jalaran samenika sampun luntur kabudayan sawau? Mliginipun kabudayan Jawa, senajan awit sekedhik mbaka sekedhik.
Kanthi lumampahipun wakdal lan jaman,
mesthi wonten ewah gingsiripun kahanan, jalaran tuwuh kawontenan enggal utawi
majunipun teknologi ingkang nuwuhaken
ewah-ewahan. Punapa menika ewah-ewahan sikap, punapa tindak tanduk. Kawontenan
punika nyebabaken ewah-ewahan ugi, utamanipun Basa Jawi. Samenika kathah
tiyang Jawi ingkang mboten purun ngagem
basa Jawi maleh sanajan asalipun saking
Surakarta utawi Ngayojakarta. Kawontenan punika nyebabaken basa Jawi ewah
gingsir, saget-saget ical kados basa Jawi kuna ingkang jaman samenika sampun
mboten sami mangertos.
Wanci
punika, Sampun kathah sanget tuladha ingkang mirisaken wonten manah kita
sekalian. Kathah piyantun ingkang ngaku Jawi anamung tumindakipun
tebih sanget saking punapa ingkang dados cirikhasipun piyantun Jawi.
Unggah-ungguh, andhap asor, hormat dumateng piyantun ingkang langkung sepuh,
tansah sayang dumateng piyantun ingkang langkung nem, gotong royong, tulung
tinulung, lan sanesipun, sampun saget dipunsebat “ical” saking bumi Jawa ingkang kita sedaya tansah bangga’aken.
Piyantun nem sapunika, sampun saget dipunetang ingkang teksih matur mawi basa
ingkang sae. Ingkang kathah piyantun nem sampun boten saget matur mawi basa
krama. Sinten ingkang salah? Kita boten saget nyalahaken sinten-sinten. Punawi
kita purun nggatekaken punapa ingkang kedadosan wonten masyarakat, sapunika
basa ingkang dipun ajaraken milai saking playgroup dumugi SD inggih punika
bahasa Indonesia. Kathah sanget lare alit ingkang boten saget matur mawi basa
krama inggil. Lintunipun ingkang sapunika kedadosan, kathah basa kuwalik.
Tuladhanipun kados punika, “dalem badhe dhahar, kulo kundur dhisek,” lan sanes
sanesipun.
kabudayanipun
piyambak. Mliginipun kabudayan sanes ingkang kirang trep dumateng
sipat-sipatipun piyambak, bangsanipun piyambak kedah kita bucal boten kita
tuladhani.
Komentar
Posting Komentar