Langsung ke konten utama

parafase geguritan dalam bahasa jawa

PARAFASE GEGURITAN
Tuladhane:
Bocah Cilik Kae

Bocah cilik sing nyapu latar kae
(Bocah cilik sing nyapu latar kae)
Sapa ngerti mbesuk tembe thukuk etare
(Sapa ngerti mbesuk bakal tuwuh akale)
Mabur dhuwur nganglang langit numpak mega-mega
(Bisa sukses banget, kaya-kaya mumbul duwur ing langit)
Andom lelana sinambi methaki lintang kartika
(Kebak kaluwihan lan bisa nggayuh pangarepane)

Bocah cilik kae isih bening jiwane
(Bocah cilik kae isih bening jiwane)
Isih suci lemah atine
(isih suci lan lemah atine)
Aja ditanduri jenu utawa senthe
(Aja diwarai bab-bab kang ala)
Aja dibumboni basa utawa krawe
(Aja diwarai basa-basa kang ala)

Bocah cilik kae
(Bocah cilik kae)
Togna menyang ngendi abur jiwane.
(Togna arep neng ngendi kepingin jiwane)

A.    Isine geguritan
·         Bait 1 : Bocah cilik kae sopo sing ngerti mbesuk dadi bocah sing sukses, kebak kaluwihan lan bisa nggayuh pangarepane.
·         Bait 2 : Bocah cilik kae sing isih polos lan isih suci atine, ojo diwarahi bab-bab kang ala lan basa-basa kang ora becik. Bocah cilik kae togna arep neng ngendi kepingin jiwane.
Dadi makna/isi geguritan:
Bocah cilik kae sapa ngerti mbesuk bakal sukses, kebak kaluwihan lan bisa nggayuh pangerepane. Bocah cilik iku aja diwarai apa-apa kang ala lan togna wae miturut karepe.

B.     Tema geguritan
Panguripane bocah cilik kang isih polos.

C.     Parafrase geguritan.
Bocah cilik iku mbesuk bisa tuwuh akale, sahingga bisasukses banget kaya-kaya mumbul duwur ing langit, kebak kaluwihan, lan bisa nggayuh kekarepane. Bocah cilik iku isih suci atine lan bening jiwane. Aja diwarahi bab-bab ala lan basa-basa sing ora becik. Wes togna wae apa seng dikarepne jiwane.


D.    Pesen pengarang marang pamaos (Amanat)
Yen nduwe putra sing isih cilik kudu diwarahi bab-bab kang apik lan basa-basa kang sopan. Ojo dituntut kudu kepriye deweke mbesuk, tapi wong tuwo kudu manut kepriye kepingine putrane. Wong tuwo mung kudu mituturi menawa bocah cilik nglakonake bab-bab kang kliru.

E.     Kaendahan Geguritan.
1.      Majas
·         Hiperbola (Pepindhan seng kliwat/ diluweh-luwehne)
a.       Mabur dhuwur nganglang langit numpak mega-mega.
b.      Togna menyang ngendi abur jiwane.
·         Metafora (pepindhan/diumpamakake)
a.       Andom lelana sinambi methaki lintang kartika.
b.      Aja ditanduri jenu utawa senthe.
c.       Aja dibumboni basa utawa krawe.

Komentar

  1. Komentar ini telah dihapus oleh pengarang.

    BalasHapus
  2. mantab mba parafrasenya silahkan berkunjung ke web saya
    http://geguritan.com/
    kumpulan dan analisis geguritan

    BalasHapus

Posting Komentar

Postingan populer dari blog ini

naskah drama suminten edan

SUMINTEN EDAN Ing jaman mbiyen, Kanjeng Bupati Trenggalek Raden Noto Kusumo kagungan putra asmaneRaden Mas Subrata. priantun bagus, pinter, tur kagungan sipat andhap asor. Wilayah Trenggalek dumunung ing sisih kulon, katentreman rakyat diganggu marang para begal sing biasa muncul ana ing alas Ponorogo, akeh rakyat sing wadul njaluk tetulung marang Adipati Suramenggala. BABAK 1 Perusuh                  : Senajan wukir rata ing bantala, senajan baskara sirna ing ndonya, ora bakal ana sing bisa nandingi. (karo ngguyu) Suramenggala        : He Perusuh! Sakdurunge malaikat izrail nemoni aku, aku isih bisa ngalahne sepiro-piro kakuwatanmu. Perusuh                  : Sapa kowe? Suramenggala        : Aku Warok Suramenggala, saka Kadipaten Treng...

komponen umat beragama dan contoh perilaku

No. Komponen Kerukunan Beragama Contoh Perilaku 1. Kerukunan internal umat seagama Mengikuti kegiatan keagamaan Menghormati para ulama atau para pemuka agama Menjalankan syariat-syariat agama Bertetangga yang baik Menjalin hubungan persaudaraan yang erat antar umat seagama Saling tolong-menolong dalam berbuat kebaikan Tidak saling bermusuhan, menghina, maupun menjatuhkan agar umat seagama tidah terpecah-belah Saling mengingatkan untuk selalu taat dalam menjalankan syariat agama Tidak menjadikan konflik sebuah perbedaan antar umat Saling menjaga silahturohmi antar umat beragama Saling gotong royong dalam membangun tempat ibadah. Buka puasa bersama.   Saling memaafkan antar sesama Menjaga hubungan baik dengan teman yang sama agamanya Menjaga toleransi antar sesama Menghormati perbedaan pendapat dalam menentukan...